
AnekaNews.top - Lirik Lagu KENYO SRAGEN (Duet) Sragenan Karawitan Campursari
Lirik Lagu:
KENYO SRAGEN (Duet)
Lk:
Ayune yo dhik yo tumpuk undung
Kenyo Sragen yen bengi mung dadi impen
Dhasar ayu dedeke sing lengkung-lengkung
Yen ngujiwat mung gawe atiku bingung
Pr:
Esemmu yo mas yo sepet madu
Koyo-koyo biso nggegarit atiku
Dhasar nggantheng koyo raden gatutkoco
Sopo wonge sing ra pingin dilelo-lelo
Lk:
Wong ayu dadi impenku
Rino wengi aku mikirke sliramu
Yen ra percoyo takono lintang rembulan
Yen tresnaku nganti sumundhul ing tawang
Pr:
Tak suwun yo mas yo ojo ngono
Aku ngerti sampeyan wis duwe bojo
Wajik klethik enake dinggo wedangan
Luwih becik ayo bali kekadangan
Semoga bermanfaat.